CAHAYA RUMAH


  • Karya : H. Mahidin Azhari

Dawuhipun Allah Swt :

أُتْلُ مَااُوْحِىَ اِلَيْكَ مِنَ الْكِتَابِ وَاَقِمِ الصَّلاَةَ اِنَّ الصَّلاَةَ تَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنْكَرِ وَلَذِكْرُ اللَّهِ اَكْبَرُ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَاتَصْنَعُوْنَ.  (العنكبوت : 45)

“Woconen opo sing wis den wahyuake marang siro; yoiku kitab suci Al-Quran, lan tindakno shalat. Sejatine shalat iku biso nyegah songko (tumindak-tumindak) olo lan kemungkaran. Lan sejatine eling marang Allah (kanthi shalat) iku luwih gedhe (keutamaane tinimbang ibadah-ibadah liyane). Lan Allah tansah preso marang opo-opo sing siro tindak’ake”.  (QS.Al-Ankabut : 45)

Ayat puniko nedahaken bilih Allah Swt. estunipun sampun merintahaken dumateng kaulanipun supados ;

–          Sregep maos kitab suci Al-Quan

–          Nindak’aken ibadah shalat sami ugi shalat wajib (5 wekdal) ugi shalat-shalat sunnahipun.

Hikmah saking kebiasaan maos Al-Quran kalian ibadah shalat puniko ageng sanget langkung-langkung kagem gesang bebrayan (rumah tangga),  antawisipun :

  1. Tiyang ingkang maos Al-Quran / nindak’aken shalat pikantuk ganjaran
  2. saged nerangaken lan njembaraken manah.
  3. Ngelancaraken tur berkahaken dateng rezki
  4. Tansah dipun chelak’I malaikat lan dipun tebihi syetan
  5. Gesangipun istiqamah, ayem lan tentrem.
  6. Ngiataken iman,…. lan sanes-sanesipun malih.

Pramilo Rosulullah Saw. ndawuhaken wonten ing satunggalipun hadits :

نَوِّرُوْا بُيُوْتَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَقِرَاءَةِ الْقُرْأَنِ.

“Terangono / sinarono umah-umah siro kabeh klawan (nindak’ake) ibadah shalat lan waosan (ayat-ayat suci) Al-Quran”.

Mogi-mogi Allah tansah paring Rahmat, Taufiq, Hidayah, Inayah soho Maghfirohipun dumateng kito, sahinggo saget nindaaken menopo-menopo ingkang dipun perintahaken ugi saget nebihi sedoyo awisanipun.

LAHAULA WALA QUWWATA ILLA BILLAHIL ‘ALIYIL ‘ADHIM.

Tinggalkan komentar