2 Senjata Mu’min

NYUWON PITULUNG kanthi SABAR lan SHALAT

( Edisi : 25 Maret 2006   /   Oleh : H. Mahidin Azhari )

Dawuhipun Allah Swt :

وَاسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَوةِ وَإِنَّهَا لَكَبِيْرَةٌ إِلاَّ عَلَى الْخَاشِعِيْنَ.

“Podo nyuwono pitulung siro kabeh (marang Allah) klawan  KESABARAN lan IBADAH SHALAT,  senajan saktemene (sifat sabar lan nindak’ake shalat) kuwi abot banget, kejobo kanggone wong kang podo khusyu’.”

Saking ayat puniko, saged kito fahami bileh kesabaran lan ibadah shalat puniko dados senjata nipun kanthi istiqamah lan caranipun ingkang leres.  Snaosipun amrat wonten ing manah, sumonggo kito tansah berusaha kanthi semangat ingkang kiat.

 

Khusus ing bab SABAR, Rasulullah Saw ndawuhaken :

اَلصَّبْرُ ثَلاَثَةٌ : صَبْرٌ عَلَىالْمُصِيْبَةِ وَصَبْرٌ عَلَىالطَّاعَةِ وًصَبْرٌ عَنِ الْمَعْصِيَةِ.

“Sabar iku ono 3 perkoro :

  1. Sabar marang anane musibah
  2. Sabar ing nindak’ake tha’at marang Allah lan aturan syari’at.
  3. Sabar ngadepi perkoro maksiat.”

 

(1)  صَبْرٌ عَلَىالْمُصِيْبَةِ  ( SABAR ing wontenipun musibah)

Rasulullah saw ndawuh  :

مَنْ اُصِيْبَ بِمُصِيْبَةٍ فِى مَالِهِ اَوْجَسَدِهِ فَكَتَمَهَا وَلَمْ يَسْكُهَا اِلَىالنَّاسِ كَانَ عَلَىاللَّهِ اَنْيَغْفِرَلَهُ.

“sapane wong sing keno musibah ing bab bandane utowo badane banjur ngerahasiaake lan ora sedih nelongso marang wong lio, mongko Allah bakal ngapuro marang dosa-dosane”. (Tobrani)

 

(2)  صَبْرٌ عَلَىالطَّاعَةِ   ( SABAR anggenipun tha’at dumateng dawuhipun Allah Swt.)

Dawuhipun Rasulullah Saw :     مَنْ صَبَرَ عَلَىالطَّاعَةِ كَتَبَ اللَّهُ لَهُ سِتُّمِأَةِ دَرَجَةٍ.

“Sapane wong sing sabar ing ketha’atan (marang dawuh-dawuhe Allah), yekti Allah bakal nyatet kanggo dewek’e 600 derajat (amal kabechik’an)”.

(3)  ًصَبْرٌ عَنِ الْمَعْصِيَةِ ( SABAR ngadepi perkoro maksiat / kemungkaran ).

Kito mangertosi bileh kemaksiatan puniko satunggaling perkawis doso ingkang timbul saking kekiatan hawa nafsu syahwat ingkang awon.  Lan saking kathahipun kemaksiatan puniko Allah Swt. akhiripun nurunaken bala-musibah dumateng lingkunganipun.

Dawuhipun Allah Swt :

ظَهَرَ الْفَسَادُ فِىالْبَرِّ وَالْبَخْرِ بِمَا كَسَيَتْ اَيْدِىَ النَّاسِ. الأية

“Tekane kemurkaan Allah (bencana-bala-musibah) ing daratan lan lautan kui mergo songko polahe sebagian manongso (sing nalisir songko ajaran agoma Islam)”.    nalisir songko ajaran agoma Islam)”.

 

 KUMPULAN ARISAN RT.02 – DESA BANJAREJO – DAGANGAN – MADIUN

Tinggalkan komentar