Sinten Rosulullah ?

KENALI  ROSULULLAH LAHIR & BATIN

( Oleh : Drs. H. Mahidin Azhari M.Ag.)

وَمَا أَرْسَلْنَاكَ اِلاَّ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. (الأنبيآء : 107)

“Lan Aku (Allah) ora ngutus marang siro (Nabi Muhammad Saw.) kejobo supoyo dari rahmat marang sekabehani alam (lain isi-isine)”.   (QS. Al-Anbiya : 107)

لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِى رَسُوْلِ اللَّهِ اُسْوَةٌ حَسَنَةٌ….. (الأحزاب : 21)

“Demi temen-temen ono ing pribadine Rasulullah (Muhammad Saw.) kui contoh-tauladan sing apik kanggone siro kabeh”.      (QS. Al-Ahzab : 21)

 

PRIBADI RASULULLAH SAW.

      Badanipun mboten inggil sanget lan mboten pendek, mboten gemuk.

Kulitipun mboten terlalu pethak ugi mboten chemeng (sawo mateng), polos tur resik..

Mustakanipun radhi ageng.

Rekmanipin kethel/kandel, panjang (antawisipun telinga kalian bahu), rupinipun chemeng, gelombang (mboten lurus & mboten kriting), natos radi abrit kenging pengaruh wewangian ingkang dipun agen, Uwanipun awis-awis.

Pasuryanipun wiyar, bullet tur ngedalaken nur-cahyo.

Pipinipun alus, lembut tur seimbang.

Paningalipun radi wiyar tur terang, wulu paningal lentik, alisipun melengkung (wulan sabit).

Grononipun mancung.

Mulutipun radi ageng, bibir ingkang serasi, wojo pethak, nyisir tur roto.

Janggut / Dagunipun mboten lincip.

Jenggotipun kandel tur radi panjang.

Jonggonipun alus, resik, tegak lurus.

Bahunipun seimbang, dipun kebak’I wulu alus.

Dadanipun wiyar, berisi, roto kalian madaranipun tur kethel wulunipun.

Ruas astanipun panjang, ugi jarinipun, tapak astanipun alus-lembut, wiyar tur kandhel.

Betis / kentolipun alus.

Tumit / polok’ipun tipis.

Kaki / Sukunipun alus-licin, lekuk telapak’ipun mboten nyentuh tanah.

Aromanipun / bau harum semerbak.

 

SIKAP  RASULULLAH SAW.

      Menawi Rosulullah mengo, ketut sedoyo badanipun.

Melampahipun tunduk, gagah, langkahipun radi santer.

Melampah panggih tiyang nyopo rumiyin kanti salam tur ngaturaken nderek langkung.

Lenggahipun sopan, jejek. Asring paha kirinipun dipun ganjel bantal. Menawi wonten masjid lenggah silo kanthi rapi, astanipun numpang kentol. Kadang nyandar (Ihtiba)

manggihaken pupu kalian madaran tur nyepeng kentol (Qarfasha).  Mboten kenging silo

kanthi ngejoaken ampean utawi numpangaken ampean dateng pupu).

Menawi dahar maos dungo rumiyen semanten ugi sak ba’danipun, mboten ngendikan. Mendet daharan ing kang celak rumiyen, tertib saking pinggir wadah, ngagem asto tengen, nyuap ngagem 3 jari,  mendet daharan ingkang ceglok, tur ngresik’i upo wonten asto ugi ingkang wonten wadah. Ndahar kanthi lenggah (natos jumeneng, mboten melampah), mboten nyandar, mboten nyelo dateng ndaharan. Menawi torah sunnah dipun paringaken dumateng tiyang kananipun, ngatahaken jamaah.

Menawi ngunjuk maos basmalah lan dipun akhiri kanthi waosan Al-hamdulillah, dipun unjuk kaping tigo, mboten ambekan wanci ngunjuk, mboten nyebul toyo/daharan ing wadah.

Agemipun gamis / jubah ingkang paling dipun remeni (sunnah).

Sarenipun sekedap wekdal siang (tengah hari) lan dalunipun, miring nengen, majeng kiblat, bantalan asto, menawi ajeng shubuh bantal (astanipun) jejek ½ lipatan.  Sakderengipun sare maos dungo lajeng nyebul astanipun, maos surah Al-ikhlas kalian mu’awwidzatain lajeng ngusap dateng  badanipun kaping tigo. Sak wungunipun maos dungo malih.

Menawi mbujeng mboten santer suwantenipun.

Guyonanipun tansah leres.

Menawi dzikir tansah mular keranten ajrih dumateng Allah Swt.

 

SIFAT / AKHLAK  RASULULLAH SAW.

      Sifat wajib Rasulullah Saw. wonten 4 :

  1. Shidik        = Leres sedoyo tumindak lan sabdanipun
  2. Amanah    = Saged dipun percados
  3. Tabligh      = Ngaturaken sedoyo kewajibanipun
  4. Fathanah  = Cerdas, alim tur wicaksono

Sifat-sifat mulyo sanesipun ;

  • Sabar
  • Tawadlu
  • Qana’ah
  • Zuhud
  • Peramah
  • Pema’af
  • Pemalu
  • Dermawan
  • Wicaksono
  • Azam inggil.
  • Lan sanes-sanesipun.

Mogi-mogi kemawon Allah tansah paring Rahmat, Nikmat, Taufiq soho Hidayahipun dumateng kito sami sahinggo saget nindaaken ajaran syariat Islam lan ugi saged nderek dumateng tumindak-tumindak sae ingkang sampun dipun contohaken dening Rasulullah Saw. Ingkang akhiripun tansah pikantuk syafa’atipun.

Amin 3x Ya Mujibas Sailin.

 

 JAMA’AH MUSHALLA MUJAHIDIN – DESA BANJAREJO – DAGANGAN – MADIUN

Tinggalkan komentar